TEMBUNG SAROJA

Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese (artine) utawa meh padha kang dianggo bebarengan.

Tuladha tembung saroja :
Adi luhung, tembung loro mau tegese padha:
Ajur mumur, tembung loro mau tegese padha: remuk
Amrik minging
Andhap asor, tembung loro mau tegese padha: ngasor
Angkat junjung, tembung loro mau tegese padha: junjung
Arum wangi, tembung loro mau tegese padha: mambu wangi
Asih tresna, tembung loro mau tegese padha: welas
Reka daya, tembung loro mau tegese padha: usaha
Remuk rempu, tembung loro mau tegese padha: ajur
Sabar drana, tembung loro mau tegese padha: sabar
Sambat sebut, tembung loro mau tegese padha: ngangkluh
Sapa aruh, tembung loro mau tegese padha: nggunem
Sato kewan, tembung loro mau tegese padha: kewan
Sayuk rukun, tembung loro mau tegese padha: rukun
Sembah sujud, tembung loro mau tegese padha: nyembah
Sembah sungkem, tembung loro mau tegese padha: kurmat
Setya tuhu, tembung loro mau tegese padha: setya
Sisik melik, tembung loro mau tegese padha: wadi
Sisip sembir
Solah bawa, tembung loro mau tegese padha: obahe awak
Solah tingkah, tembung loro mau tegese padha: obahe awak
Setya retna, tembung loro mau tegese padha: setya
Suka rena, tembung loro mau tegese padha: seneng
Tambal sulam, tembung loro mau tegese padha: nembel
Tandang grayang
Tandang tanduk
Tanem tuwuh
Tapa brata
Tata karma
Tata rakit
Tata trapsila
Tedheng aling-aling
Teguh santosa
Tepa palupi
Tepa tuladha
Terang trawaca
Mudha dama
Mudha pinging
Mudha punggung
Mudha taruna
Mukti wibawa
Mula buka
Mulang muruk
Murub mubyar
Nistha papa
Njarah rayah
Nyampar nyandhung
Owah gingsir
Papa cintraka
Pasang rakit
Puji pandonga
Rahayu slamet
Rame gumuruh
Rebut dhucung
Tindak tanduk
Tingkah laku
Ubeng inger
Undha usuk
Utang selang
Wadya bala
Watak wantu
Welas asih
Wiring isin
Wor suh
Wulang wuruk
Babak belur
Babak bundhas
Bagas waras
Bala koswa
Baya pakewuh
Bayu bajra
Bibit kawit
Bojana andrawina
Budi pakarti
Campur adhuk
Campur bawur
Candhak cekel
Colong jupuk
Dana driyah
Dana weweh
Dhawuh pangandika
Dhawuh timbalan
Dhedhep tidhem
Dhodhok seleh
Donga puji
Edi peni
Gagah prakosa
Galap gangsul
Gandhes luwes
Gendhon rukon
Gilir gumanti
Girang gumuyu
Godha rencana
Guyub rukun
Iguh pratikel
Jalma manungsa
Japa mantra
Jebat kasturi
Jejel riyel
Jungkir walik
Kadang kadeyan
Kadhang kala
Kajen karingan
Kasep lalu
Kepalu kepenthung
Kepalu ketutu
Kesampar kesandhung
Kocap kacarita
Kongas ngambar
Kukuh bakuh
Labuh labet
Lagak lageyan
Lagak lagu
Lalu lunges
Lega lila
Lir pendah
Malang megung
Mobah mosik

Tuladhane ukara:
1. Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi luhung.
2. Pegaweyane mung angkat junjung, apa bisa nyukupi kebutuhane kulawargane?
3. Direwangi njungkir njempalik meksa ora bisa cukup kanggo mangan saben dinane.
4. Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.
5. Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata satriya kang sekti mandraguna.
6. sayuk rukun bebarengan karo kancane
7. aku lila legawa nadyan nang mbatin kelara-lara
8. jaman nbiyen laladan kene isih awujud alas  kang malang megung.
9. putrane pak Brata kembar loro sarwa edi peni
10. kabudayan Jawa wing ngalami owah gingsir saka paugerane.

0 Response to "TEMBUNG SAROJA"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :