Basa Jawa Sumbering Tata Krama

Arum Kuncaraning bangsa dumunung aneng luhuring budaya. Mekaten salah satunggaling pangandikanipun Dalem Sinuhun Pakubuwana X ing Kraton Surakarta. Dene tembung budaya midherek katrangan saking juru panerang budaya Kraton Surakarta, KRMH Yasadipura suwargi, tegesipun woh pangulahing budi ingkang pinangsih pikir kaliyan batin. Uwoh pangulahing budi badhe ndhatengaken perbawa ingkang badhe mbabar wujud kadosta: beksa, gendhing, tata cara lan upacara, tata busana, tata basa, tata krama, lan tata susila.
Ingkang dipunwastani tata krama punika mapan wonten ing pocapan manggen ing tata basa. Ingkang ngginakaken unggah-ungguh tetembungan. Dene menawi tata susila mapan wonten ing patrap utawi tandang tanduk. Jangkeping tata kjrama kaliyan tata susila winastan kasusilan utawi katelah suba sita. Suba tegesipun suci utawi resik. Dene Sita tegesipun putih. Ugi saged winastan pangetraping naga tandang tanduk, muna-muni linambaran manah ingkang suci utawiresik mujudaken pakarti luhur ingkang saged ndamel sengseming sasama.
Mila ing salebeting pirembagan kedah mulad dhateng:
  • Nomer satunggal unggah-ungguhing basa. Tataranipun mawi krama. Ngetrapaken basa krama andhap, krama madya, punapadene krama inggil. 
  • Nomer kalih, andhap asor. Ngasoraken pribadi sampun ngantos anggunggung dhiri pribadhi. Mindhak kawastanan cumantaka utawi kumalungkung. 
  • Nomer tiga, empan papan. Wonten pundi lan kados pundi anggenipun badhe angempanaken dhiri pribadhinipun. 
  • Nomer sekawan, duga prayogi keldah lan emut minangka dhasaripun tetimbangan.
 Ing alam sapunika tata krama tuwin tata susila sampun mboten dipunpersudi malih. Malah kepara mboten wonten ingkang sami purun nyinauni. Ugi kalebet wonten peranganipun pawiyatan. Jalaran panganggepipun tetiyang modhern sapunika sampun mboten njamani malih. Uwohipun lajeng kathah lare sapunika sami anilar ing pakewuh malih. Kepara malah kendel wani tanpa duga prayoga. Wonten dalem lare pirembagan mawi basa Modern. Wiwit alit sampun dipunsinaoni basa manca. Wonten bebrayan mboten manggihaken basa krama ingkang pantes malah kepara basa ingkang kalantur. Tundonipun badhe dados tetiyang asing ing griyanipun piyambak.

0 Response to "Basa Jawa Sumbering Tata Krama"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :