Tembung Wilangan



Tembung wilangan utawa kata bilangan (Basa Indonesia) yaiku tembung kang mratelakake gunggunge barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge wong, barang, kewan, lan liya-liyane. Tembung wilangan bisa diperaang dadi telu;
(1)     wilangan babon,
(2)     wilangan susun,
(3)     wilangan pecahan.

1.        Wilangan Babon
Wilangan babon utawa wilangan wutuh uga sinebut numeralia pokok utawa numeralia utama. Kang kaalebu tembung wilangan babon yaiku kaya ing ngisor iki:
0 → enol              (das)
1 → siji                 (eko)
2 → loro               (dwi)
3 → telu               (tri)
4 → papat            (catur)
5 → lima              (panca)
6 → nem              (sad)
7 → pitu               (sapta)
8 → wolu             (astha)
9 → sanga            (nawa)

Wilangan babon bisa dibedakake dadi wilangan kumpulan lan wilangan sadhengah.
1.      wilangan kumpulan
kang kalebu wilangan kumpulan yaiku tembung:
a.       las-lasan
11 sewelas                               16 → nembelas
12 → rolas                                   17 → pitulas
13 → telulas                                 18 → wolulas
14 → patbelas                              19 → sangalas
15 → limalas                               
b.      kur-kuran
21 → selikur                                 26 → nemlikur
22 → rolikur                                27 → pitulikur
23 → telulikur                              28 → wolulikur
24 → patlikur                               29 → sangalikur
25 → selawe
c.       dasan
10 → sepuluh
20 rongpuluh
30 → telungpuluh
40 → patangpuluh
50 → skeet
60 → suwidak
70 → pitungpuluh
80 → wolungpuluh
90 → sangangpuluh
Wilangan 25, 50, lan 60 ora sinebut limalikur, limangpuluh, lan enempuluh. Nanging sinebut selawe (salawe), seket, lan suwidak (sewidaak/sawidak). Tembung iku ana gandheng cenenge karo lawe (benang), iket (tali), lan widak (Jawa Kuna).
-          Biyen saben 25 didadekake siji kanthi ditaleni nganggo lawe, terus dadi salawe.
-          Biyen saben ronglawe uga terus diiket dadi siji terus dadi saiket, suwe-suwe tembung saiket dadi seket.

d.      atusan
e.       ewon
f.       yutan

2.      wilangan sadhengah
wilangan sadhenga iku wilangan kang durung genah utawa durung kaweruhan gunggunge. Kang kalebu wilangan sadhengah yaiku kabeh, sethithik, saperangan, sabagean, sacuwil, saipit, akeh, sadhengah, saabreg, sapethekruk, sakmit, kathah, sakedhik, lan sadaya.

3.        Wilangan Susun
Wilangan susun yaiku wilangan undha usuk (numeralia tingkat). Wilangan iki kanggo ngndharake urutaning jumlah (gunggung). Kang kalebu tembung iki yaiku kapisan, kapindho, katelu, kapapat, kalmia, kaenem, kapitu, kawolu, kasanga, kasepuluh, kaping pisan, kaping pindho, kaping telu, kaping papat, kaping lima, kaping enenm, kaping pitu, kaping wolu, kaping sanga, kaping sepuluh, lan sapanunggalane.

4.        Wilangan Pecahan
Wilangan pecahan yaiku wilangan kang gunggunge ora nganti siji, kang kalebu tembung pecahan yaiku kaya ing ngisor iki:
¼ → seprapat
2/4 rongprapat
¾ → telungprapat
1/3 → saprotelon
2/3 → rongprotelon
½ setengah
1 ½ → siji setengah

0 Response to "Tembung Wilangan"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :