PANYANDRA

Panyandra yaiku unen – unen kang meh padha karo pepindhan (perumpamaan; Indonesia) kang nduweni surasa mawa (nganggo) tetandhingan sarta ngandhut teges padha, dene kang dicandra babagan becike lan mengku ngalem kaendahan, kaya ta:
a. kahananing manungsa,
b. kahanane sata kewan,
c. kahanane tetuwuhan,
d. kahanane ngalam,
    lsp.

miturut Bausastra Jawa tembung candra bisa mengku teges:
1. Rembulan ( Planet )
2. Sasi ( Petungan Wektu )
3. Gegambaran utawa crita ngenani samubarang apa wae kanthi migunakake tembung maneka warna.

Panyandra bisa kaperang dadi :
A.CANDRANE MANUNGSA ( PERANGANE AWAK )
- Irunge ngudhup mlathi ( ngrunggih )
- Pipine nduren sajuring
- Alise nanggal sepisan
- Adepe tumengeng tawang
- Untune mijil timun
- Bangkeane nawon kemit
- Lengene nggendhewa pinethang
- Drijine mucuk eri 

B.CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE )
- Lakune kaya macan luwe
- Pangamuke kaya bantheng ketaton
- Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi
- Lambeane mblarak sempal

C.CANDRANE WONG NESU
- Talingan sir sinebit
- Idep mangada – ada
- Angga mubal dahana
- Eka padmi sari
- Dwi amartani
- Tri kawula busana
- Catur wanara rukem
- Nawa gra lupa
- Panca sura panggah
- Dasa yaksa wangke

D. CANDRANE MANGSA ( KAANANING ALAM )
1. Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa  mengku tegese: Wiwit wit – witan padha brindhil
2. Bantala rengka = candrane mangsa karo, mengku tegese: lemah – lemah padha nela ( mlethek )
3. Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu, mengku tegese: wit gembili (gadhung) padha mrambat.
4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat, mengku tegese: tuk–tuk padha pipet (mampet)
5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima, mengku teges: wiwit akeh udan
6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem, mengku teges: ungsum who – wohan mirasa
7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu, mengku teges: akeh lelara
8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu, mengku teges: mangsane kucing gandhik
9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasanga, mengku teges: mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
10.Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh, mengku teges: akeh kewan meteng, manuk ngendhok
11.Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada (sewelas), mengku teges: mangsane manuk gloloh
12.Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta (rolas), mengku teges: mangsa pedhidhing utawa adhem

E. CANDRANE SATRIYA BAGUS
Satriya ing madukara Raden Janaka ( Arjuna ) iya sang pamadya padha – padha, satriya wasis lan waskitha, tata, titi, titis, lan trengginas, sekti mandraguna, digdaya pinunjul ing apapak, bisa manjing ajur jejer, bisa mrojol ing akarep, pratandha satriya gentur tapane, karep nenepi ing guwa kang sirung, nenedha ing dewane, saka tekad kang murni lan kenceng marang pandenge, mring luhure dhiri datan wigih ing lara, wani marang patijroning ngaurip.

Dene ingkang langkung sakeca saged dipunpirsani wonten ing ngandhap punika tetuladhane saking panyandra kangge para sutrisna basa Jawa.... :)

Nuwun...

0 Response to "PANYANDRA"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :