Tembung rurabasa kuwi nduweni teges tetembungan sing ajeg panganggone sanadyan tegese salah kaprah.
Tuladhane:
1. mangan awan = mangan sega wanci awan
2. menek klapa = menek wit klapa
3. ndhudhuk sumur = ndudhuk lemah digawe sumur
4. nglinthing rokok = nglinthing klobot digawe rokok
5. nulis layang = nulisi dluwang supaya dadi layang
6. nunggu manuk = nunggu sawah supaya pariné ora dipangan manuk
7. nggodhog wedang = nggodhong banyu ben umeb dadi wedang
8. ngliwet sega = ngliwet beras supaya dadi sega
9. ngarit pari = ngarit damen amrih ngarah pari
10. negor gedhang = negor debog (wit gedhang)
11. lan sapiturute.. :)
0 Response to "RURABASA"
Post a Comment