KAWRUH BASA

TEMBUNG ENTAR
Yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahé baé. Ing basa Indonesia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa walanda diwastani "Figuurlijke betekenis".
Tuladha tembung éntar:
• Abang kupingé tegesé nesu
• Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis
• Abang rainé tegesé nandhang isin
• Abot sanggané tegesé rekasa
• Adol ayu tegesé pamèr ayu
• Adol kringet tegesé nyambut gawé abot banget
• Amba jangkahé tegesé akeh usahané
• Ala jenengé tegesé Ora bisa dipercaya
• Ati kethul tegesé ora bisa ngrasa
• Atiné momot tegesé sabar banget
• Balang liring tegesé nglirik
• Bening ati tegesé sumèh
• Buwang tilas tegesé nutupi tumindak ala
• Bau tengen tegesé wong sing dipercaya
• Cagak urip tegesé kanggo nyukupi kabutuhan urip
• Cangkemé gatel tegesé seneng ngrasani
• Cangkem turah tegesé kakèhan ngomong sing pra perlu
• Cendhak umuré tegesé gelis mati
• Cepak jatukramané tegesé cepet oleh jodho
• Cupet atiné tegesé gampang nesu
• Cupet pangandel tegesé ora percaya
• Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
• Dawa ususe tegesé sabar
• Dhedher kautaman tegesé nandur kabecikan
• Dhuwur atiné tegesé gumedhe
• Empuk rembugé tegesé kepénak omongané
• Entek atiné tegesé kuwatir banget
• Èntheng tangané tegesé seneng milara
• Gantung kepuh tegesé nyandhang ora ganti-ganti
• Gantung untu tegesé selak arep mangan
• Gedhé atiné tegesé teguh, tatag
• Gilik rembugé tegesé padha sarujuk
• Gilud kawruh tegesé mempeng sinau • Idu geni tegesé omongané mesthi kelakon
• Ijo matané tegesé seneng dhuwit
• Ilang klilipé tegesé ilang mungsuhé
• Jembar kawruhé tegesé pinter
• Jembar kuburé tegesé mlebu suwarga
• Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan
• Kakéhan tangan tegesé kakéhan sing tandang gawé
• Kaku atiné tegesé gampang nesu
• Kandel kupingé tegesé ora nggugu pitutur
• Kuat isin tegesé ora tau isin
• Lara owah tegesé édan
• Lunyu ilaté tegesé méncla-ménclé
• Mata yuyu tegesé gampang nangis
• Matèni pangan tegesé gawé ilang rejekiné wong liya
• Métani luput tegesé nggolèki luputé
• Ngangsu kawruh tegesé meguru
• Ngemut driji tegesé ora oleh apa-apa
• Padhang jagaté tegesé katon tentrem
• Padhang ulaté tegesé sumèh
• Pingget atiné tegesé kuciwa, serik
• Puput yuswa tegesé séda
• Rai gedhèg tegesé ora duwé isin
• Rengga praja tegesé njaga pribadi
• Rupak segarané tegesé ora gampang ngapura
• Sabuk gelang tegesé sugih sawah
• Sumpek atiné tegesé susah banget
• Tanpa tilas tegesé ora oléh gawé
• Tipis lambéné tegesé seneng rerasan
• Utang pati tegesé gawé patiné liyan
• Wedi getih tegesé jirih
• Weteng karèt tegesé akèh mangané

PARIBASAN
Wujudipun punika ukara wantah boten sinamun ing upami, ajeg panganggenipun, tembung tembungipun boten saged dipunewahi nggadahi teges salugunipun.
Upaminipun:

  1. Adigang, adigung, adiguna tegesipun remen ngendelaken kekiyatan, panguwaosipun, lan kepinteranipun.
  2. Ancik-ancik pucuking eri tegesipun tansah was sumelang, tumindak ingkang tansah ngadhut bebaya.
  3. Angon ulat ngumbar tangan tegesipun ngulataken kawontenan, menawi limpe banjur dicolong.
  4. Ana bapang sumimpang tegesipun nyingkiri sadayaning bebaya
  5. Becik ketitik ala ketara tegesipun bakal cetha pundi ingkang tumindak leres kaliyan lepat ing tembe wingkingipun.
  6. Busuk ketekuk, pinter keblinger tegesipun ingkang bodho lan ingkang pinter sami manggih cilaka.
  7. Ciri wanci lêlai ginawa mati tegesipun Pakulinan ala boten saged diewahi ngantos dumuginipun seda.
  8.  Ila – ila ujare wong tuwa tegesipun manut marang pituturipun tiyang sepuh.
  9. Buntel kadud, ora kinang ora udud tegesipun buruh nyambut damel upah borongan, boten angsal dhahar kaliyan ngunjuk.
  10.  Dahwen ati open tegeipun nacad nanging gadhah melik (raos pepinginan) ingkang dicacad.
  11. Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat tegesipun pikajengan ingkang boten saged dipunpenggak.


BEBASAN
Bebasan inggih punika unen-unen kang gumathok, ajeg panganggenipun, ngemu suraos pepindhan, ingkang dipun upamikaken sipat, tindak tanduk, utawi kawontenanipun tiyang. Ukaranipun adakanipun dipunwiwiti mawi tembung kriya.

Upaminipun:

  1. Ancik-ancik pucuking eri tegesipun tiyang ingkang tansah gadhah raos was sumelang.
  2. Adhang-adhang tetese embun tegesipun nJagakaken barang mung sakangsalipun.
  3. Adol lenga kari busik tegese dum dum barang, nanging ingkang andum boten angsal bagiyan.
  4. Anak molah bapa kepradhah tegesipun tiyang sepuh ndherek repot amargi tumindakipun lare.
  5. Arep jamure emoh watange tegesipun purun sekecanipun boten purun rekaosipun.
  6. Abag-abang lambe tegesipun gunemipun mung lamis.
  7. Kocak tandha lokak tegesipun tiyang ingkang umuk tandha menawi kirang kawruhipun.
  8. Mburu uceng kelangan deleg tegesipun nguyak barang sepele kecalan barang ingkang aji.
  9. Katon cepaka sawakul tegesipun dipunremeni dening tiyang kathah.
  10. Mbuwang rase nemu kuwuk tegesipun nyingkiri piawon, nanging malah manggihi piawon ingkang langkung awon.
  11. Dudu berase ditempurake tegesipun urun rembag nanging boten selaras kaliyan ingkang dipun rembag.


SALOKA
Saloka inggih punika unen-unen ingkang gumathok, ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan, ingkang dipunpindhakaken punika tiyangipun. Ukaranipun adakanipun dipunwiwiti tembung aran.
Upaminipun:

  1. Asu gedhe menang kerahe tegesipun tiyang ageng/gadha panguwaos menawi gadhah perkawisan kaliyan tiyang alit limrahipun lajeng dipun mimpangaken.
  2. Ati bengkong oleh oncong tegesipun tiyang gadhah niyat awon angsal srana kangge tumindak.
  3. Bathok bolu isi madu tegesipun tiyang asor nanging gadhah kapinteran.
  4. Belo melu seton tegesipun naming anut grubyug boten ngertos rembag.
  5. Dhalang karubuhan panggung tegesipun tiyang ingkang kawelah ing ginemipun cepklakep.
  6. Gajah ngidak rapah tegesipun tiyang ingkang nrajang wewaleripun piyambak.
  7. Kebo mulih menyang kandhange tegesipun wangsul marang asalipun.
  8. Cecak nguntal elo tegesipun ngarah barang ingkang mokal.

2 Responses to "KAWRUH BASA"

  1. Saestu,.. sae kangge hangleluri kabudayan Jawi.. mugi tansah pinaringan rahayu beja lan basuki kangge nerasaken anggenipun nyerat ngelmu kang manfangat kangge saderek kadang uga para murid, sinau basa Jawa...

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nuwun nakmas...
      Mugya panjenengan kersa hanambahi supados saged tambah migunani dhumateng samudayanipun..

      Delete

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :