KERATA BASA

Kerata basa ana sing ngarani jarwa dhosok.
- Kerata ateges asal-usul tegesing tembung.
- Kerata basa ateges bab negesi surasaning tembung kanthi awewaton asal utawa mula-bukane, 
  lumrahe kapara saka wewancahane, kajupuk gathuk prayogane.
- Jarwa mengku teges wedharan utawa katrangan,
- dhosok mengku karepan ndhesek, nyodohakaken mangarep.
- Jarwa dhosok kena ditegesi katrangan mungguhe tembung sarana dikira-kira utawa miturut
   kekarepan kang nerangake.

Tuladha:
Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman).
Batur = embat-embataning tutur.
Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.
Brekat = mak breg diangkat.
Cangkir = dianggo nyancang pikir.
Cengkir = kencenging pikir.
Copet = ngaco karo mepet-mepet.
Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu).
Desember = gedhe-gedhene sumber.
Garwa = sigaraning nyawa.
Gedhang = digeget leh bar madhang.
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk.
Gerang = segere wis arang.
Guru = digugu lan ditiru.
Gusti = bagusing ati.
Kaji = tekade mung siji(ngantebi panembahe marang Gusti Allah).
Kathok = diangkat sithok-sithok.
Kodhok = teka-teka ndhodhok.
Krikil = keri ing sikil.
Kuping = kaku njepiping.
Kupluk = kaku nyempluk.
Kursi = yen diungkurake banjur isi.
Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug.
Maling = njupuk amale wong sing ora eling.
Mantu = dieman-eman meksa metu.
Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan.
Saru = kasar tur kleru.
Sekuter = sambi sedheku mlaku banter.
Sepuh = sabdane ampuh.
Simah = isining omah.
Sirah = isining rah.
Siti = isi bulu bekti.
Sopir = yen ngaso mampir (ing warung).
Sruwal = saru yen nganti uwal.
Tandur = nata karo mundur.
Tapa = tatane kaya wong papa.
Tarub = ditata dimen murub.
Tebu = antebing kalbu.
Tepas = titip napas.
Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wia rowa.
Wanita = wani mranata.
Wedang = dianggo gawe kadang.
Weteng = ruwet tur peteng.

lan sapiturute.. :)

0 Response to "KERATA BASA"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :