Tembang Macapat

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku artine maca papat-papat. Macane pancen rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana tulisan gathuk kang bisa mesthekake. Macapat akeh dienggo ing saperangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar, kaya Weddhatama, Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo tembang iki. Aturan-aturan iku aneng:
1. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (pada bahasa Indonesia: bait).
2. Guru wilangan : wilangan wanda (bahasa Indonesia: suku kata) saben gatra.
3. Guru lagu : tibane swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umume dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutane tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

Maskumambang.
Gambarake jabang bayi sing isih aneng kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang aneng kandhutane ibune.

Mijil.
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

Sinom.
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

Kinanthi.
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing ngalam ndonya.

Asmarandana.
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrate Ilahi.

Gambuh.
Saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane priya lawan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Dhandhanggula.
Nggambarake uripe wong kang lagi menangi seneng-senenge ing pabguripan, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/kulawarga, duwe anak, urip cukup kanggo sakulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Durma.
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane sing lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Pangkur.
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

Megatruh.
Saka tembung megat roh utawa pegate (pisah) rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Kang Maha Kuwasa.

Pocung.
Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dipetak (kubur).


0 Response to "Tembang Macapat"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :