Wangsalan

Wangsalan yaiku tetembungan utawa ukara saemper cangkriman, nanging batangane wis ana ing perangan mburine, mung dicangking sawanda utawa luwih.

Contone: 
  • Jenang gula, kowe aja lali marang aku.
  • Sowan kula ing ngriki namung angebun-ebun enjang anjejawah sonten.
  • Njanur gunung, esuk-esuk kowe wis teka mrene.
  • Kolik priya, priyagung Anjani putra, Tuhu eman wong anom wedi kangelan.
conto wangsalan ing dhuwur yen diudhal kaya mangkene :
  1. Jenang gula iku batangane glali.  Ing ukara saburine ana tembung lali. Tembung lali njupuk wandane glali (wanda pungkasan batangane jenang gula).
  2. Angebun-ebun enjang batangane nyuwun, bun esuk arane awun-awun. Jawah sonten batangane rabi, udan ing wektu sore jenenge rarabi. Maksude lugu nyuwun rabi.
  3. Njanur gunung batangane kadingaren. Janure wit aren jenenge kadi.
  4. Kolik priya batangane tuhu, manuk kolik iku wadon yeng lanang arane tuhu. Putrane Dewi Anjani batangane Anoman mulane ana tembung wong anom.
Dene conto liyane ana ing ngisor iki:
  • Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. (Jenang sela = apu (kapur sirih) , wader kalen = iwak sepat)
  • Petis manis, yen ngucap mbok ya sing manis.(petis manis = kecap)
  • Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.(pandhan rawa = wlingi)
  • Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha ! (pring dhempet = andha)
  • Dom jala, coba aku kandhanana ! (dom jala = coba)
  • Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur(bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
  • Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.(babon kirik = asu, batangane nesu).
  • Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. (Babal bunder = woh elo).
  • Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori = gudheg)
  • Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. (bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
  • Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.(mina galak ing samodra = iwak cucut)
  • Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
  • Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)
  • Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok 
  • Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. (Carang wreksa = pang)
  • Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. (baligo amba godhonge = labu)
  • Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing pikir. (tengara perang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )
  • Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. (sayeng kaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
  • Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.(Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
  • Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)
  • Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan (Damar mancung : sepet )

0 Response to "Wangsalan"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :