tradisi temanten adat Jawa

Para sutresna Budaya, saderengipun kula ngaturaken bab adat Upacara temanten, kang kedadosanipun maneka warni, liripun mmboten sanes amargi taksih sami nggegeki paugeran ingkang mboten nilar subasita. Sinartan amargi samya sesambetan ing madyaning bebrayan agung, ingkang sedaya wau tundhonipun mboten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan sanesipun.
Sambetan kaliyan punika wau, liripun jaman kamardhikan dumugi sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan paugeran lan piwucalanipun para pinisepuh.
Pramila kathah ingkang sami nyebat bilih tiyang Jawi murih sampun kecalan jawinipun.
Dene mliginipun kula pribadhi ingkang badhe ngaturaken mboten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sakagenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung karanten kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestarinipun kabudayan Jawi ingkang adiluhung punika.
Pramila pangajab kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe,  murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.
BENTENIPUN UPACARA ADAT TEMANTEN JOGJA KALAWAN SALA
Wondene ing wanci punika kula badhe ngaturaken mliginipun bab bentenipun upacara adat temanten Jawa. Ingkang badhe kagungan kersa mantu. Mliginipunnipun Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipundamel paugeran, ingkang sipatipun kepara Nasional. Dene  gambaripun Upacara adat temanten kados makaten:
No
Gagrak Yogya

Gagrak Solo
Keterangan
1
Nontoni

Nontoni
Woten, sampun mboten mlapah
2
Lamaran

Lamaran
Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3
Asok tukon

Asok tukon
Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4
Srah-srahan, Nyantri

Srah-srahan
Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5
Tarub

Tarub
Woten, sipatipun mana suka,  awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5
Siraman

Siraman
Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan,  mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6
Midodareni

Midodareni
Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7
Ijab

Ijab
Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari

Panggih

Panggih
Woten, sipatipun Resmi atat Jawi  padatan tata upacaraipun benten-benten
8
Resepsi

Resepsi
Woten, Siapatipun resmi, mana suka
Saking sarenteten upacara wau saperangan sampun wonten paugeranipun, kados ta:
1.    Tata Adat upacara Siraman
2.    Tata adat upacara Panggih
3.    Tata adat Rias penganten
4.    Tata adat Model busana Penganten
Dene ingkang sanes sipatipun taksih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa. Dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebageyan upacara dipunrangkep kados ta:
1.    Nontoni sampun mboten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan;
2.    Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipunwonteni  liru kalpika (tukar cincin); ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
3.    Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon;
4.    Adicara Midodareni, sampun mboten wonten, gantosipun dipun wonteni upacara srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mliginipun kang ngrasuk agami sanesipun Islam (Kristiani) dipunwonteni sembahyangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing  ngakathah murih gampilipun.
Namung badhe atur kawuningan mliginipunnipun babagan upacara srah-srahan, manawi ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdhinipun tandha sarujuking rembagan antawis kulawarga calon temanten kakung lan calon temanten putri, pramila lajeng wonten tandha dados anggenipun nglamar.  Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila srah-srahan nalika midodareni pemanggih  kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi mboten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng,  taksih kathah ingkang dereng dipundamel paugeran, ingkang sipatipun taksih mana suka, kados ta:
  1. Nontoni;
  2. Lamaran
  3. Asok Tukon
  4. Srah-stahan
  5. Pasang Tarub
  6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawentawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang Sutresna Budaya, mliginipun ingkang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat nontoni punika satunggaling tatacara Jawi,  mliginipun satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan  ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun  sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan mbotenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing  adicara nontoni rantamanipun:
1.    Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
2.    Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur,  ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
3.    lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
4.    salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
5.    panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan mboten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
6.    Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni mboten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan :  BIBIT, BEBET, BOBOT.
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa taksih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh  kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun  :
1.    Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, mboten gampil crah utawi padudon.
2.    BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi taksih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan.  Mila pangajabipun murih  saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, mboten saged ewah.
3.    BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan mbotenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mliginipun sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken  para sutresna budaya  badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1.    Atur pambuka saking kulawarga
2.    Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
3.    Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4.    Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
5.    panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, mboten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran.  Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
  1. Sanggan.
  2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
  3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
  4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
  5. Yen Eyangipun taksih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Tarub saking jarwa dhosokipun: ditata kareben murub.
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mliginipun tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang mboten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa  murih papan wau saged cekap(amot)  lan mmboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani  “saat”.  Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa mboten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon mboten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku).
Ing salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub:
1. Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, mboten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mliginipun brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu mboten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mliginipun roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub
BABAGAN UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mliginipun:
  1. NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
  1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, mboten sanes murih sageda  sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen mboten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber mboten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mliginipun upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
A.   Upacara sangajenging tarub
1.        Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
2.        Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
3.        Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
4.        Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B.   Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong  Dene Urutaning lampah upacara :
1)    Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah taksih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)     Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mliginipun yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta taksih wonten sambet sederek, pranataning adicara mboten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi/bukak dhasar)
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
1.    Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
2.    Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
3.    Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
4.    sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
5.    tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
1.        Kagem tampa kaya,  inggih punika:
a.         arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
b.         biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.
c.         empon-empon: dlingo bengle
d.        sekar sritaman,
e.         Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
f.          Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
g.         Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
h.         Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )

2.        Gendhing ingkang dipun agem:
1.           Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
2.           “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
3.           “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun  iaturaken rikala Minggu kapengker,  upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mliginipun tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
  1. Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
  2. Sanggan
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
  5. Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh mboten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
  1. Cucuk lampah,
  2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
  5. Tiyang Sepuh.
  6. Mliginipun warga nunggal bapa biyung ( mboten perlu  perlu pengombyong)
A.   Tata rakiting upacara
  1. Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
  2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
  3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
  4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
  5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
  6. Manten putri mijiki sukunipun.
  7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh  nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
B.   Adicara kacar-kucur:
1)    Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu  kiwa tengen  ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)    Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3)     Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)     Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)     Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)     Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)     Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
C.   Wigatinging rembag
  1. Yen sungkeman: prayogi keris mboten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
  2. Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:
2.1  ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak  tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun
2.2  Gagrak Yogya, mboten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3.      Upacara kacar-kucur,:
3.1  Yogya:  mboten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
3.2  Yogya, ingkang dhahar namung  manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3.3Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
  1. Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
  2. Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN                   putra dalem Kakung,
PANANTUNAN               =  putra dalem PUTRI
Macul tumpeng                  = Putrine luwih tuwa
medot lawe                        =   taksih misan
Ancik-ancik pipisan           =   sepupu ( sak Eyang )
Nyecek mawa ( bugel)       =  yen kakunge wis tau krama
nuwun katur dhateng rakamas R.Suwardanijaya

1 Response to "tradisi temanten adat Jawa"

  1. Hal yang tidak pernah terbayankan kini menjadi kenyataan dengan keluargaku,,,untuk MBAH BASKORO kami ucapkan banyak terimakasih karna berkat bantuannya ALHAMDULILLAH keluarga kami bisa lepas dari hutang dan masalah,karna nomor “GHOIB”untuk pasang togel,hasil ritual MBAH BASKORO meman benar2 merubah nasib kami hanya sekejap,dan disitulah aku berkesempatan kumpulkan uang untuk buka usaha kembali,karna baik rumah sudah disita,,warung makan jg sudah bangkrut,,tapi itu semua aku masih tetap bertahan hidup dengan anak istriku,,walau cuma kontrak tapi aku tetap bersabar dan akhirnya MBAH BASKORO lah yang bisa merubah nasib kami..MBAH BASKORO orang paling bersejarah kepada keluarga saya…!!! Kepada teman2 yang di lilit hutang dan ingin merubah nasib baik dari pada sekaran HBG: 085=217=344=419=MBAH BASKORO ,dengan penuh harapan INSYAH ALLAH pasti tercapai dan sudah terbukti

    ReplyDelete

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :