PRANATACARA




Assalamu’alaikum wr.wb
Kula nuwun..
Mugiya karaharjan saha kabegjan tansah kajiwa, kasarira ing kula lan panjenengan sedaya.
Bapa ………………………….. ingkang dhahat kinurmatan.
Bapa ………………………….. ingkang kula hurmati
Saha sagunging para …………………………………. ingkang kula tresnani..
Nyuwun agunging pangapunten dene kula jumeneng wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, mboten karana kiranging raos pakurmatan dhumateng panjenengan sedaya, kula ugi kumawantun nyigeg kamardhikan panjenengan ingkang saweg eca wawan pangandikan, awit nampi ayahan supados nglantaraken reroncening  adicara pahargyan ingkang badhe kawiwitan ing dinten punika.
Amung saderengipun adicara dipunwiwiti, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung Tumrap pangayomaning ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan kula sedaya, temahan kula lan panjenengan saged makempal manunggal ing majlis punika kanthi wilujeng kali sing sambikala.
Shalawat saha salam mugya tansah konjuk dhumateng junjungan kita, sekaring jagad mustikaning bawana nun inggih Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu syafa’atipun wiwit wekdal punika ngantos dumugi yaumul akhir samangkin. Aamiin.
Para rawuh samudayanipun ingkang tansah kula hurmati..
Prelu kawuninga bilih ing dinten punika ,…… pawiyatan SMK N 6 PWR badhe ngawontenaken pahargyan pengetan dinten kamardhikan Indonesia. Pramila keparenga kula ngaturaken ramtamaning adicara ingkang sampun karakit ing pepanggihan punika, nung inggih:
1.                   Pambuka
2.                   Atur sapala
3.                   Sesorah
4.                   …..
5.                   Panutup
Para rawuh samudayanipun ingkang tansah kula hurmati..
Mekaten menggah lampahing adicara ingkang sampun katata, ingkang punika mugya para rawuh samudayanipun kersa lenggah saha hangestreni dumugi paripurnaning pahargyan. Nuwun  ..
Para rawuh samudayanipun ingkang tansah kula hurmati..
Minangka purwakaning pahargyan punika, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manembah sowan wonten ing ngarsaning Gusti ingkang Akarya Jagad ing salebeting pandonga kinanthenan nyenyuwun mugya pahargyan punika saged lumampah saking purwa, madya dalah wasana kali sing sambikala tan manggihi alangan setunggal punapa. Aamiin
Kalajengaken acara kaping kalih inggih punika atur pambgyaharja pengetan …., dhumateng panjenenganipun  mas …., wekdal kaaturan sumangga.
Gamblang wijang tarwaca datan tempah sun pangraciking ukara, atur pambgyaharja ingkang sampun kaasta dening panjenenganipun mas …… Dumateng panjenenganipun kaaturan gunging panuwun.
Para rawuh kakung sumawana putrid ingkang tuhu ing budi..
Sampun paripurna pahargyan pengetan …. Ing dinten punika, tampaking acara salajengipun inggih punika panutup.
Ananging saderengipun adicara dipunpungkasi, keparengan kula matur mbok bilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara saking purwa madya dalah wasana kula nglenggana kathah cecer crewet galap gangsuling atur, nerak subasita miwah trapsila, mugya panjenengan sedaya kersa paring pangaksama,
Wassalamu’alaikum wr. Wb
nuwun

0 Response to "PRANATACARA"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :