parikan

Parikan yaiku unen-unen cacahe rong gatra (larik).
Gatra sepisan minangka parikane (Purwaka), gatra kapindho dadi isine

saben sagatra dipedhot 4 - 4; 4 - 8 utawane 8 - 8


Tuladha:
a. parikan pedhotan 4 - 4
  • tawon madu, ngisep sekar,
golek ilmu kudu sabar.
  • ngasah arit, nganti landep,
dadi murid kudu sregep.
  • wedhang bubuk, gula jawa,
ora mathuk klewa klewa.
  • wajik klethik, gula jawa,
luwih becik sing prasaja.

b. parikan pedhotan 4 - 8
  • kembang aren, sumebar tepining kalen.
Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen
  • kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur.
kudu jujur, yen kowe kepingin luhur.
  • kembang mlati, gandha arum warna peni.
putra putri, kudu gemi lan nastiti
  • kembang cengkeh, gandha sedhep warna aneh.
wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.

c. parikan pedothan 8 - 8
  • kutha sala ajeg rame, sri wedhari neng tengahe.
aku gela marga kowe, yen janji arang nyatane
  • sega punar sega empal, segane penganten anyar.
dadi murid aja nakal kudu ulah ati sabar.
  • jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula.
piwelingku mring para mudha, aja wedi ing rekasa.
  • mungguh kembang mlati, ana kombang ana tawon.
aja wang wang jaman iki, pembangunan mesti klakon.
  • godhong adas sambirata, iku jamu mumpangati.
aja lali para kanca, sinau kang setiti.

Parikan lan Pantun Jawa Lucu kang bisa gawe panjenengan minangka referensi tambahan, hiburan lan uda pendidikan, mugya parikan punika bisa sekedik nguri-uri kabudayan jawi khususipun lan kabudayan Indonesia umumipun.

Jare simbah, tuladhane kaya ngisor iki :

Kembang manggar kembange krambil
Ati sabar mesthi kasil
Numpak sedhan nganggo blangkon
tiwas edan ora kelakon

angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax

wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg
wani mbanting oleh dedeg
ayo mancing golek dheleg

ngadeg jejeg nyungggi klapa
ora kaya ewuhe nyunggi duren
ora bisa ngadeg bukane apa-apa
ning merga lemes saking olehe keluwen

Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan

Nyolong waja tekan balongan
olehe ngedol adoh tekan SUMUT
Bolongan aja sembarang bolongan
bolongan kudu sing iso ngemut,
Saka balongan nganti tekan sumut
mung saderma golek kuthuk
Bolongan apa tah sing isa ngemut
ya kuwi sing di arani tutuk.

jare Durno, bojone jaran
dede kulo, anakke setan

Awan-awan mangan gethuk
bubar mangan kok ngantuk
saben dina sangu rantangan
isine rantang katon methuthuk
Aku pancen bubar mangan
ning ora mangan gethuk

Sayur bayem tempe bosok
Mesam-mesem kepengin ndelok

Andheng-andheng ngisor lambe
Tiwas dipandeng ora melu duwe

Klambi bathik dienggo paman
Kalah dhisik ora keduman

Manuk emprit nyucuk pari
Dadi murid kudu taberi

Ono Teklek kejegur kalen…
Tinimbang nggolek mendingan balen…

Pit Abang
Pite mas Mantri
Nek ngesun Kembang
aku ya ngantri

Bude teko nggowo bolu…
Ngakune joko anake telu
mangan jadah, enteke telu
najan simbah, adhi kelasmu

Nang medan ana terminal Amplas
yen udan kebanjiran nggo susuh kodok
lha mosok ora nduwe ide babar blas
apa ide kuwi di monopoli kaum ortodoks

siji loro telu papat
lima enem pitu wolu
biji loro tetep hebat
angger kembang melu ngguyu

Siji loro telu
astane sedheku
mirengake simbah mu
menawa di dangu

mangan bakwan anget-anget
dipangan karo lombok abang
awan-awan kok adus kringet
luwih penak yen di dus i kembang
kembang mlati kembang kenongo
ojo ganti, mengko gelo

dondong opo salak
duku cilik cilik
ngandong opo mbecak
mlaku timik timik

Bekicot nempel katok
Nyocot thok

Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku

Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel
wit Pakel kesrempet bis kota
najan angel tetep usaha

Jajah deso milangkori
Gadjah bengko cen ngangeni

Nyangking Ember Kiwo-Tengen
Lungguh Jejer Tombo Kangen

Esuk Nyuling Sore Nyuling, Sulinge Arek Surabaya
Esuk eling Sore eling, sing dieling ra rumangsa

Pithik walik mangan peyek
isih cilik betah melek (hi hi hi… ciblek)

Ngisor mesjid
Ono wedhine
Kacek seringgit
Mileh adhine

Pring gading Mangklung ratan
Lencir kuning Dadi rebutan

Ali-ali Mata kuningan
Tak lali-lali kok Tansah kelingan


Jare kayu Kok cendek
Jare ayu Kok budeg

Kapan badane
Aku tak tuku piring
Kapan kawine
Aku tak melu iring-iring

Jare bendho
Kok arit
Jare bodho
Kok nganggit

Jare tebu
Kok ireng
Jare babu
Kok meteng

Parikan punika dalem wonten ingkang nyuklik saking blog sanesipun, ananging nuwun sewu kula kesupen irah-irahane.
ingkang wigati penting maksudipun sae lan mugya ingkang kagungan uga remen saha mboten kuciwa.

Related Posts :

0 Response to "parikan"

Post a Comment

weton lahir kamu

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :