Assalamu’alaikum Wr.
Wb.
Kula nuwun..
Kula nuwun..
KABAGYAN MIWAH
KAMULYAN MUGI TANSAH TUMANDUK ING KITA SAMI AWIT PARINGING SIH WILASA MIWAH
NUGRAHA SAKING NGERSA DALEM GUSTI INGKANG MAHA SUCI
Kawula
nuwun,
Dhumateng
pangarsanipun Kepala Sekolah SMK N 6 Purworejo ingkang kula hormati.
Dhumateng
pangarsanipun Komite SMK N 6 purworejo
ingkang kula hormati.
Dhumateng kadang
dwija lan Staf Tata Usaha SMK N 6 Purworejo kakung sumawa putri ingkang kula hormati
lan tresnani.
Dhumateng
Bapak/Ibu wali atmaja ingkang kula hormati. Wardhinipun Para wredha mudha kelas
XII
SMK N 6
purworejo ingkang kula emani lan tresnani.
Kapurwakan kanthi kula dherekaken
manengku puja brata sahandhap pepadhaning Gusti Ingkang Maha Welas Miwah Maha
Asih, awit saking rumantahaning asih wilasa miwah nugraha, ingkang sampun
tumanduk dhumateng kita sedaya, saengga saged hanjumenengi adicara ing wekdal punika kanthi tulus raharja kalis ing
sambikala. Amien
Para rawuh kakung sumawana putri
ingkang dhahat kinurmatan. Punten dalem sewu, mugi - mugi tinebih ing sarusiku.
Dene wekdal punika kula cumantaka sumantana,
dek sura tilar ing tata krami, nerak suba sita tebih ing uda negari. Kepareng
munggel pangandikan miwah hanyarwe kamardhikan. Esthining parasdya tebih ing
raos kumalungkung, hamung kadereng netepi dharmaning wajib tinimbalan supados pambyawara
pinatah kardi kinen ngrakit reroncening titi laksana adicara ing wekdal punika.
Wondene reroncening titi laksana
adicara ing wekdal punika nuwun inggih punika :
SEPISAN :
PAMBUKA
Ingkang
angka KALIH : LAPORAN
SAKING KETUA PENYELENGGARA UJIAN
NASIONAL & UJIAN SEKOLAH
Ingkang
angka TIGA : 1. ATUR
PAMBAGYA RAHARJA SAHA HAMANGSULAKEN SISWA KELAS XII DHUMATENG WALI MURID
2. ATUR PAMBAGYA RAHARJA SAKING WALI MURID
Ingkang
angka SEKAWAN : PANUTUP
Ingkang
angka GANGSAL :
Ingkang
angka NEM :
Para rawuh kakung putri wredha
mudha ingkang minulya, saderengipun tumapaking titi laksana adicara, kula
nyuwun ugungan sawatawis, rumentahing pudyastuti, mugi tumapaking titi laksana
adicara saged rancak sukur bagya pinangya runtut. Amien
NUWUN.
Para rawuh
kakung putri ingkang tuhu minulya budhi,
Wahyaning mangsa kala
ndungkap titi wanci tabuh : ………
Tlatah Nuswantara iring kilen, kinarya pratandha tumapaking titi laksana
adicara kepareng badhe kawiwitan.
1 Ingkang punika sumangga
kepareng katiti adicara ingkang angka setunggal nun inggih adicara PAMBUKA.
Kanthi
mboten hangirangi pakurmatan kula konjjuk para pangrasuk agami sanesipun Islam,
sumangga kula dherekaken maos waosan “BASMALLAH” sesarengan kangge hambuka
adicara ing wekdal punika.
------ BASMALLAH -----
Mugya kanthi waosan BASMALLAH adicara ing wekdal punika saged
kalampahan kanthi mboten wonten alangan aral satunggal punapa. Amien
2 Ing salajengipun katiti
adicara ingkang angka kalih nun inggih LAPORAN
SAKING KETUA PENYELENGGARA UJIAN NASIONAL LAN UJIAN SEKOLAH
Ingkang kepareng kasarira
: ………………………………
dhumateng panjenenganipun wekdal kaaturan
sumangga.
--------------------------------------
Paripurna adicara LAPORAN
KETUA PENYELENGGARA UJIAN NASIONAL LAN
UJIAN SEKOLAH,
Dhumateng panjenenganipun ……………………….. kaaturan gunging panuwun.
Dhumateng panjenenganipun ……………………….. kaaturan gunging panuwun.
3 Para rawuh kakung putri
ingkang mahambeg dharma. Sak lajengipun kepareng katiti adicara ingkang kaping
tiga nun inggih “ATUR PAMBAGYA RAHARJA KAPISAN SAHA HAMANGSULAKEN SISWA KELAS
XII DHUMATENG WALI MURID”
Ingkang
kepareng kasarira :
……………………………………………
dhumateng panjenenganipun wekdal kaaturan sumangga.
dhumateng panjenenganipun wekdal kaaturan sumangga.
--------------------------------------
Gamblang wijang terwaca datan tempah suh
pangraciking wacana, wedharing atur pambagya raharja lumantar panjenenganipun
…………………………..………….
Dhumateng panjenenganipun
………………………….……….. kaaturan gunging panuwun.
Para rawuh kakung putri ingkang minulya.
Sak lajengipun kepareng katiti adicara ingkang
kaping sekawan nun inggih ATUR PAMBAGYA RAHARJA
INGKANG KAPING KALIH INGGIH PUNIKA SAKING WALIMURID INGKANG DIPUN SULIHI DENING KOMITE SMK
N 6 PURWOREJO
Ingkang
kepareng kasarira :
……………………………………
dhumateng panjenenganipun wekdal kaaturan sumangga.
dhumateng panjenenganipun wekdal kaaturan sumangga.
--------------------------------------
Gamblang wijang terwaca datan tempah suh
pangraciking wacana, wedharing atur pambagya raharja lumantar panjenenganipun
…………………………………….
Dhumateng panjenenganipun …………………………..……..
kaaturan gunging panuwun.
Para rawuh kakung putri wredha mudha ingkang minulya. Wahyaning mangsa kala dungkap tabuh : ….. tlatah nuswantara iring kilen, kinarya pratandha pari purna adicara ing wekdal punika.
Para rawuh kakung putri wredha mudha ingkang minulya. Wahyaning mangsa kala dungkap tabuh : ….. tlatah nuswantara iring kilen, kinarya pratandha pari purna adicara ing wekdal punika.
Salajengipun kula ingkang piniji mranata laksitaning
adicara wiwit purwa, madya dalah wasana, kula nglenggana kathah cecer cewet,
galap gangsuling atur, kirang wijil – wijiling ukara, minggahinh kirang suba
sita miwah larasing tata krami mugi sampun kirang ing pamengku.
Ing wasana mugi rahayu ingkang sami pinanggih, rabbana tawakkalna ….
Nuwun
Wabillahi taufiq walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb
Nuwun
Wabillahi taufiq walhidayah, wassalamu’alaikum wr.wb
0 Response to "tuladha pambiyawara perpisahan siswa kelas XII"
Post a Comment