PARAMASASTRA
A. Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duwe teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung wod.
Wernane tembung
Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale
Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan
(Sisipan),Panambang (Akhiran).
Ater-ater
• Ater-ater Hanuswara
m (m+bathik=mbathik)
n (n+tulis=nulis)
ng (ng+kethok=ngethok)
ny (ny+cuwil=nyuwil)
• Ater-ater Tripurasa
dak (dak+pangan=dakpangak)
ko (ko+jupuk=kojupuk)
di (di+goreng=digoreng)
• Ater-ater liya
a (a+lungguh=alungguh)
ma (ma+lumpat=malumpat)
ka (ka+gawa=kagawa)
ke (ke+sandhung=kesandhung)
sa (sa+gegem=sagegem)
pa (pa+lilah=palilah)
pi (pi+tutur=pitutur)
pra (pra+tandha=pratandha)
tar (tar+buka=tarbuka)
kuma (kuma+wani=kumawani)
kami (kami+tuwa=kamituwa)
kapi (kapi+temen=kapitemen)
Seselan
um (..um..+guyu=gumuyu)
in (..in..+carita=cinarita)
el (..el..+siwer=seliwer)
er (..er..+canthel=cranthel)
Panambang
i (kandh+i=kandhani)
ake (jupuk+ake=jupukake)
ne (teka+ne=tekane)
e (omah+e=omahe)
ane (jaluk+ane=jalukane)
ke (kethok+ke=kethokke)
a (dudut+a=duduta)
na (gawa+na=gawakna)
ana (weneh+ana=wenehana)
en (lepeh+en=lepehen)
ku (buku+ku=bukuku)
mu (klambi+mu=klambimu)
e (omah+e=omahe)
Jinising Tembung:
Tembung aran (Kata benda) : Sakehing tembung kang tuduh arane barang.
contone: (Omah,iman).
Tembung kriya (kata kerja) : Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
contone: (Turu,mlaku mlaku).
Tembung wilangan (Kata bilangan) : Tembung kang tuduh cacah.
contone: (Siji,separo,kapisan).
Tembung kaanan (kata sifat) : Tembung kang tuduh kaanan lan watak. Manggon ing sakmburine tembung aran.
Contone (Gedhe,sregep,abang).
Tembung katrangan (kata keterangan) : Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
Contone: (Angler,cepet).
Tembung tetenger (kata sandang) : Tembung kang nyandhangi tembung aran.
Contone: (Si,sang).
Tembung ancer ancer (kata depan) : Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
contone: (Lan,ing).
Tembung panyambung (kata sambung) : Tembung kang kanggo nyambung ukara.
contone: (Dene,nanging).
Tembung sesulih (kata ganti) : Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
contone: (Aku,iki,apa).
Tembung pangguwuh (kata seru) : Tembung kang tuduh ngudarasa. contone: (Adhuh,oh).
Ayahane tembung (jabatan kata):
Jejer (Subyek), Wasesa (Predikat), Lesan (Obyek), Katrangan (Keterangan).
1. Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah : Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang.
Contone: (maju (m+aju))
Tanduk i kriya : Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i.
contone: (nyirami(ny+siram+i))
Tanduk ke kriya: Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake.
Contone: (nyelehake(ny+seleh+ake))
2. Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa : Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke.
Contone: (Dikandhani(di+kandha+i))
Tanggap na: Tembung sing wenehi seselan in.
Contone: (Tinuku(tuku+in))
Tanggap tarung : Tembung dwilingga diwenehi seselan in.
contone: (Gebuk ginebug(gebug gebug+in))
Tanggap ka: Tembung sing diwenehi ater ater ka.
Contone: (kathuthuk(ka+thuthuk))
3. Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a. Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1) Dwilingga padha swara
Tuladha: bapak-bapak
Bocah-bocah
Guru-guru
2) Dwilingga salin swara
Thuladha: bola-bali
Mrana-mrene
Wira-wiri
3) Dwilingga semu
Thuladha: ondhe-ondhe
Undur-undur
Andheng-andheng
b. Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha: laku-lelaku
Jupuk-jejupuk
Tuku-tetuku
c. Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha: cekak-cekakak
Cekik-cekiki
Cenges-cengenges
4. Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
a. Camboran wutuh : Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja (Sanak kadang).
»Yogaswara. (Dewa dewi).
»Baliswara. (Mahabarata).
b. Camboran tugel :
»Tembung garba. (Yaiku (iya+iku)).
»Keretabasa. (Wedang (ngawe+kadang)).
c. Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
contone: (Sakaguru).
d. Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
contone: (Gedhe cilik).
B. Ukara (Kalimat)
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.
Wernane ukara:
Ukara lamba : Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
contone: (Bapak sare(jejer+wasesa)).
(Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)).
Ukara elip : Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
contone:(Klambiku anyar(jejer+katrangan)).
(Nulisa!(wasesa)).
Ukara rangkep: Diarani uga ukara rowa (Ukara lamba sing dirangkep loro).
contone: (Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi).
(Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah).
Ukara carita (Kalimat tak langsung) : Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
contone: (Gula iku legi)
Ukara kandha (kalimat langsung).
Bisa rupa :
a. Ukara pitakon (Kalimat tanya): Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
contone: (Jenengmu sapa?).
b. Ukara pakon (Kalimat perintah): Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
contone: (Adusa disik!)
c. Ukara pangajak (Kalimat himbauan): Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
contone: (Becike perkara iki dirembug).
d. Ukara panjaluk (Kalimat permohonan): Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
contone: (Kulo aturi ngrantos sakuntawis).
e. Ukara umpama: Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
contone: (Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh).
f. Ukara pengarep arep: Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
contone: (Muga muga Basa Jawa tetep lestari).
g. Ukara janji: Ukara kang mengku pangebang ngebang.
contone: (Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja)
......
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
0 Response to "Paramasastra Jawi"
Post a Comment